Jumat, 24 Oktober 2014

krungokake suwara Yehuwa neng endi Pun sedulur ana (Yes 30:21)






1, 2. kepriye carane Yehuwa ngomong karo umat-Te ?

jawab:

sadawa sejarah, Yehuwa tansah nuntun umat-TE.
dhisik, Panjenengane nggunakne malaikat, pandeleng, lan impen2 kanggo menehi
ngerti babagan masa ngarep utawa menehake tugas
tertentu. (Bil. 7:89; Yeh. 1:1; lan. 2:19) Kadang, Allah mileh
manusia kanggo makili-Panjenengane lan maringi arahan-arahan.

Dewasa iki, Yehuwa nggunakne Alkitab, roh kudus-
se, lan sidang kanggo ngebimbimbing awake dhewe.

Yehuwa uga nggunakne Yesus kanggo ngewartak ake Sabda Ne marang awake dhewe.
Panjenegane jumenengake Yesus kanggo mimpin sidang2 liwat "budak sing setia lan wicaksono"



3. apa sing bisa nggawe awake dhewe ora mektoni Yehuwa sakebake?

Jawab :

Setan ngerti menawa bimbingan Yehuwa arep nylametake
awake dhewe, mula dheweke ngupayo kanggo ngalih ake  perhatian ane awake dhewe ;dadine ora krungokake tuntunan Yehuwa kuwi,ugo,ati awake dhewe sing ora sempurno bokmenowo nggawe awake dhewe ora arep menta ati Yehuwa.


4. kepriye Setan nyoba memengaruhi carabe wong2 kabeh berpikir ?


jawab:

Setan nyoba memengaruhi cara ne wong2 kabeh berpikir karo nggunak ake informasi sing menyesatake.
 (waca 1 Yohanes 5:19.) Koran, buku, majalah, radio,
TV, lan Internet nyebarke informasi menyang sak kabehing donya.
 Beberapa informasi sing dicawiske yo ono sing nggunani;nanging sumber-sumber kuwi kerep mbenerke
tindakan-tindakan sing nyimpang karo kekarepane Allah.


5. kepriye ben awake dhewe ora nganti terpengaruh informasi sing menyesatkan saka Setan?


jawab:
Alkitab njawab,
’karo terus njaga awake dhewe; supoyo selaras karo firman Allah.’ (Mz. 119:9) Firman
Allah sing ketulis ngewangi awake dhewe ndeleng endi sing bener lan endi sing salah.


6, 7. apa sing kudu awake dhewe lakoke kanggo ngadohi pituduh Setan sing menyesatkan?


jawab:
donya iki kebak karo piwulangan agama sing mbingungngake,lan akeh wong rumongso menawa ora ono agama sing bener. Ning neg awake dhewe gelem ngrungoake Yehuwa,Panjenengane arep nggawe kebeneran gampang ditemokake.

awake dhewe kudu nem tok ake sapa sing arep awake dhewe rungokake.
Lan mustahil kanggo awake dhewe ngrungokake loro suwara sisan secoro bareng.

Koyo domba sing ngenali suwarane pangonane,mulo awake dhewe yo butuh ngenali swarane Yesus,sing dipilih Yehuwa kanggo ngemong  lan ngramut awake dhewe .

Lan ugo ojo nganti awake dhewe nge benk ake acara tv,video,musik,buku,rekan,guru,utowo pakar2 donyo iki ngen dalek ake  kuripan sedulur.


8. (a) kaanan ati koyok-apa sing nggawe awake dhewe gampang dipengaruhi Setan?

Jawab :

Setan ngerti menawa ati ne awake dhewe cenderung ngawe dosa. dheweke ngupoyo nggawe awake dhewe
nyerah marang kekarepan sing salah.
Iki bisa nggawe awake dhewe angel ,loyal marang Yehuwa.
 

(b) apa sing bisa kedadean nek awake dhewe ora nggatek ake tanda-tanda behaya?

Jawab:

nek awake dhewe ora tanggap, awake dhewe biso sethithik demi sethithik mandheg krungokake suwarane Yehuwa.
akhire, awake dhewe  nyerah menyang kekarepane daging lan nglakoke kaluputan sing sadurunge ora kepikirke kanggo ditindak ake. (Rm. 7:15)
Ning, awake dhewe bisa terhindar saka nggawe kaluputan parah iki nek awake dhewe tanggap karo tanda-tanda beboyo kuwi lan cepet tumidak kanggo dandani awake dhewe lan mratobat.

kajaba kuwi, awake dhewe ora oleh krungokake piwulangan2 kang murtad apa wae, ben bisa terus krungokake suwarane Yehuwa kanthi cermat.



9. ngapa penting  cepet  eling nek ana samubarang sing salah nang ati awake dhewe?

Jawab :

sak umpomo ono wong lara kang nemen parah banget, dheweke nduwe kesempatan sing luwih gedhe kanggo mari nek lelarane wis  din kenali soko awal.
mangkana uga, yen awake dhewe eling menawa ana samubarang sing salah nang ati awake dhewe, awake dhewe kudu cepet tumindak sadurunge awake dhewe ”ditangkep urip-urip  karo setan, demi kekarepane dheweke”.





10, 11. (a) kaya apa wong sing sombong?

Jawab :

wong sing sombong mikir menawa awake kuwi istimewa lan oleh nindak ake apaa  wae sing di karep ake. Dheweke  rumangsa menawa ora ana sing dhuwe hak ngatur2 awak e,sanajan kuwi yaiku rekan Kristen, para penatua, utawa organisasi.
Yen koyo mengkono dheweke bisa dadi adoh banget saka Yehuwa, dadine suwarane Yehuwa hampir2 ora krungu maneh,sak teruse yo bakal di tankepp idup2 karo setan.




b) piwulang apa sing bisa dijupuk saka pemberontakan Korah, Datan, lan Abiram?


Jawab:

Korah, Datan, lan Abiram memberontak amarga sombong lan pengen beribadat marang Yehuwa karo cara ne dhewe.
 Apa tanggepan Yehuwa?
Yehuwa duko, akibate  wong2 kuwi kabeh di pateni mergo di anggep mbalelo karo Yehuwa.(bil 26:8-10 )
dheweke mateni kabeh pemberontak kuwi.
Awake dhewe enthuk piwulang penting saka contho iki.
Pemberontakan marang Yehuwa nggawa bilahi.
Alkitab celathu menawa ”kesombongan njalari kehancuran"


12, 13. (a) weneh ono contho babagan kepriye sifat tamak nggawa bencana.


jawab:
Naaman,
Panglima pasukan Siria, nandang penyakit kusta, lan dimarek ake karo Nabi Allah,Elisa.
Naaman bungah banget atine sampai2 nawakke hadiah kanggo Elisa,Duwit,lan klambi.Nangin Elisa nolak kuwi kabeh.
Nangin bature Ellisa sing jenenge Gehazi ngarepake hadiah2 kuwi mau;cetho yen dewek e dadi tamak,terus Gehazi mburu Naaman lan goroh supoyo Naaman menehake hadiah2 mau marang dheweke.
 Apa sing kedadean karo Gehazi sing tamak ?
Dheweke kena penyakit kusta ! -- (2 raja 5:20-27 )


b) gamblangna kepriye sifat tamak bisa karo cepet berkembang nek awake dhewe mbenke dheweke.



jawab:

kisah Alkitab babagan Akhan. dheweke celathu, ”Naliko aku ndeleng neng antara barang-barang jarahan ana klambi penggede sing becik saka Syinar, lan rong atus syekel perak lan siji batang emas, sing abote seket syekel, mula aku mengen ake kuwi kabeh, lan aku njupuke kabeh.”
Akhan sakudune menolak kepengenane sing salah, ning, dheweke malah maling barang-barang kuwi lan  delik  ake ing kemahe.
Yehuwa nggawe dosa Akhan kawruhan kabeh wong lan ing dina kuwi uga si maling lan keluarganya dilempari watu nganti mati. (Yos. 7:11, 21, 24, 25)


14. apa sing sabecike awake dhewe lakoke nek kagoda kanggo nindak ake kaluputan amarga sombong
utawa tamak?


jawab :
 
Ing Alkitab, Yehuwa ngandiko marang awake dhewe apa gunane nggawe bener lan apa pamburine yen nggawe salah.

nek awake dhewe kagodo nindakake kaluputan amergo sombong utowo tamak,coba pikir ake apa dampak e mengko
marang awak e dhewe,keluargo,lan hubungan awake dhewe karo Yehuwa.


15. apa sing bisa awake dhewe pelajari saka contho Yesus?

jawab:
sanajan Yesus sempurna, dheweke terus ngendel ake Yehuwa.Dheweke  tetap rutin berkomunikasi karo Yehuwa liwat donga.
Yehuwa ndukung lan slalu ngayommi Yesus karo cara sing linuwih.
Allah ngongkon malaikat-malaikat kanggo nggeringe, menehine roh kudus, lan membimbing Yesus kanggo mileh -12 rasul.
Yehuwa bahkan ngomong saka swarga kanggo ndelokake menawa panjenengane mendukung lan ngasihi Yesus. (Mat. 3:17; 17:5; Mrk. 1:12, 13; Luk. 6:12, 13; Yoh. 12:28)
kaya Yesus, awake dhewe uga kudu terus ngrungokake lan nyurahake isi atine awakae dhewe yen kitho lagi donga marang Yehuwa.. (Mz. 62:7, 8; Ibr. 5:7)


16. kepriye Yehuwa ngewangi awake dhewe krungokake suara Ne ?


jawab :
kanggo mbisa nrimo bantuan ne, awake dhewe butuh ana ing panggon utawa situasi neng endi roh Yehuwa ana, kaya neng pasamuan sidang kristen ssy.
Akeh hamba Yehuwa wis terhindar saka dosa serius amergo krungokake Yehuwa neng Pasamuan sidang kristen.
Pas eling menawa dekne kabeh lagi ngembang ake kekarepan sing salah, dekne kabeh banjur mberes ake masalah e.—Mz. 73: 12-17; 143:10.

17. geneya mbebayani nek awake dhewe nyandhalake awake dhewe?


jawab :

awake dhewe nduwe piwulang penting saka raja Daud saka Israel
Sajrone dheweke nyandhalake Yehuwa, Daud saguh nglakoke hal-hal sing linuwih.
Naliko isih enom,dheweke biso mateni prajurit sing koyo rasekso aran Goliat.
Banjur,Daud dadi prajurit,lan banjur dadi rojo.
Tugase yaiku melindungi lan nggawe keputusan sing becik kanggo bangsa Israel.
Ning wektu dheweke ajeg nyandhalake awake dhewe, dheweke kapusan saka atine dhewe. dheweke berzina karo Bat-syeba lan bahkan mateni bojone.

18. apa sing penting kanggo dilakoke ben awake dhewe terus krungokake suwara Yehuwa?


jawab :

neng 1 Korintus 10:12, awake dhewe sinau menawa awake dhewe ora oleh ke ngandelen awake dhewe.
.
Alkitab wis gamblang celathu menawa awake dhewe ora  bisa ngebimbing awake dhewe. (Yer. 10:23)

dadi, nek awake dhewe ora dibimbing suwara Yehuwa, awake dhewe sabenere dibimbing suwara Setan.

bangeta penting kanggo awake dhewe kanggo terus donga lan nuruti arahan2 soko roh kudus.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar