Sabtu, 25 Oktober 2014

Ager2 penting sing ono ing kitab pangandaring toret pasal 11-13.Tgl.27/10/2014



Urip Kekal—Berkat apa Kutuk?


Opo sing di tulis  ing alkitab yo iku ing Pangadaring toret 11:26-28,iki menyangkut ononing loro pilihan yo iku berkat apa Paukuman (kutuk ),..monggo kito waco:

Ulangan 11:26-28

11:26 Ing dina iki kowé padha miliha: berkah apa paukuman.
11:27 Berkah, yèn kowé ngèstokaké pepakon-pepakoné Allah, sing dakandharaké ing dina iki.
11:28 Paukuman, yèn kowé nyepèlèkaké pepakon-pepakoné Allah lan milih nyembah marang brahala-brahala sing durung tau koksembah.

Tulisan iki wis cetho banget isine : Berkah soko Alllah Yoiku Urip saklawase ing bumi Firdaus,kosok baline paukuman utowo kuthuk ke yoiku  mati sak lawase utowo sirno.

Nah opo  yo bener---- Urip kekal  kuwi  berkat,...... apa kuthuk ?

panulis fisika Dr. Robert Jastrow ditakoni, ”apa urip kekal ngrupak ake berkat utawa kutuk kanggo umat menungso?” jawabane? ”Bab kuwi arep dadi berkat kanggo wong kabeh sing nduweni rasa pengen ngerti lan selera kanggo sinau sing ora ana enteke lan yo kkanggo wong sing dhuweni roso asih marang Allah. Wong2 kuwi kabeh arep rumangsa bungah banget meruhi menawa dekne kabeh arep bisa terus ngertene pangaweruhan2 soko Allah Yehuwa.
Ning kanggo wong  sing rumangsa wis meruhi kabehe lan tertutup pikirane, urip kekal arep ngrupak ake kutukan sing nggegirisi. Amergo wong kuwi ora ngerti kepriye carane mengisi wektu2 kauripane.


Meniko ingkang kulo aturaken kangge pokok2 penting pangandaring toret 11-13 woten pasamuan mriki,sak lajengipun giliran komentar2 saking poro kadang2 se doyo.........monggo kulo aturi ngangkat asto :

Amergo wektune  sampun entek,milo kulo tutup bab acara meniko,..............matur suwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar