Senin, 23 Februari 2015

Ulangan Yosua sampai hakim2.



1. Yosua 20:2,3
1.20:2 supaya kandha karo umat Israèl, kaya sing didhawuhaké marang Musa mengkéné, “Kowé padha miliha kutha-kutha pangungsèn.
20:3 Wong sing njalari patiné pepadhané tanpa dijarag, bisaa ngungsi ing kutha kono, supaya uwal saka wong-wong sing arep nindakaké pemales.

jawab:
apa kutha-kutha perlindungan neng Israel zaman dhisik dadi panggon suaka kanggo para wong olo?
Ning sak jeroning  masyarakat kafir zaman dhisikk, akeh kuil dadi panggon suaka kanggo buronan utawa wong kang olo. neng negeri-negeri Kristen abad tengahan, kuil2 lan gereja uga digunakne dadi panggon suaka. ning, aturan sing berlaku ono ing kutha-kutha perlindungan neng Israel zaman dhisik mestekne menawa kutha-kutha kuwi ora bakal dadi panggonan suaka kanggo para wong2 kang  tumindak olo.
manut hukum Musa, kutha-kutha perlindungan mung nglidungi wong sing ora sengaja mateni. (balenan 19:4, 5) dheweke bisa lungo mlayu menyang kutha perlindungan sing paling cedhak ben terhindar saka kerabat lanang paling cedhak si korban, sing mbokmenowo arep nuntut piwales. sakwise nggamblangna kasuse marang pinituwa neng kutha kuwi, wong sing mlayu  iki kudu diadili neng kutha sing nduweni yurisdiksi  wilayah  kedadeane. neng kono, dheweke berkesempatan kanggo mbuktekne menawa awake ora salah. Para pinituwa  niti prinkso hubungan antara wong kuwi lan si korban, kanggo mestekne apa wis ana kebencian sakdurunge.—Bilangan 3520-24 balenan 19:6, 7; Yosua 20:4, 5.
Nek kayekten buktine ora salah, wong kuwi oleh bali menyang kutha perlindungan lan kudu tetap manggon neng daerah sekitare. kutha-kutha iki dudu pakunjaran. dheweke kudu nyambutgawe lan dadi anggota masyarakat sing nggunani. sakwise imam gedhe mati, kabeh sing minggat menyang kene iki bisa bali maneh menyang kuthone kanthi aman.—Bilangan 35:6, 25-28.

2. 2.Yosua 23:14.
23:14 Saiki wis tekan titi mangsané aku tinggal-donya. Kowé kabèh lan sawiji-wijiné wong ing antaramu, padha weruh dhéwé enggoné Pangéran Allahmu wis maringaké samubarang sing dijanjèkaké marang kowé. Saben prekara sing dijanjèkaké wis dileksanani. Siji waé ora ana sing kliwatan.

jawab:
mestia, saka apa sing wis awake dhewe seksekno dhewe, awake dhewe bisa ngomongake, ”ora siji tembung  saka antara kabeh tembungan becik sing diucapkan Yehuwa, Allahmu, marangmu sing ora ditepati. Saben prekara sing dijanjèkaké wis dileksanani. Siji waé ora ana sing kliwatan.(Yosua 23:14) Yehuwa ngebesasake, melindungi, lan ngemong abdi2nNe. Opo biso sedulur nunjukake salah siji janji-Ne sing ora Panjengane leksana akei nang wektu sing panjengane tentokke? Mustahil. Kosokbaline awake dhewe percoya marang Firman Allah sing musthi kaleksanan.

 Kepriye karo  janji Yehuwa neng  moso ngarep ? Yehuwa janji menawa akeh wong saka awake dhewe bisa ngarep-arep kanggo urip neng bumi sing wis diubah dadi firdaus sing nyenengna. sacacah cilik saka awake dhewe nduweni harapan urip mbantu mamrintah  karo Kristus urip neng swarga. apaa harapan awake dhewe, awake dhewe nduweni alasan kuwat kanggo tetap setia kaya Yosua.

3.Hak 1:2-4.
1:2 Pangandikané Gusti Allah, “Taler Yéhuda, sing wis Dakparingi pangwasa kanggo ngalahaké tanah kuwi.”
1:3 Taler Yéhuda banjur kandha karo taler Siméon, “Aku réwangana nyerang wong Kenaan lan ngrebut wilayahé sing wis diparingaké déning Pangéran marang aku. Mengko aku bakal gentèn ngréwangi kowé ngrebut wilayah sing wis diparingaké Pangéran marang kowé.” Mulané taler Siméon
1:4 lan taler Yéhuda nuli padha maju perang bebarengan. Merga saka berkahé Pangéran taler-taler mau padha nelukaké wong Kenaan lan wong Fèris. Prejurité mungsuh sing mati ing Bèzèk cacahé sepuluh èwu.

jawab :
pitakonan Alkitab sing dijawab:
Hak.1:2, 4—Kanopo Yehuda ditentukake dadi suku utomo sing ngrebut lemah sing di bagi karo Yehuwa? Semestine, hak istimewa iki tiba menyang suku Ruben, putra pambarep Yakub. ning, sak mongso arep matineromo Yakub menubuatkan menawa Ruben ora didhuwurke amarga dheweke kelangan hak e dadi putra pambarep. Simeon lan Lewi, sing bertindak karo kejam, kudu diserakake menyang kabeh Israel. (kedaden 493-5 7) sareh ne  kuwi, suku sak wise iku yo sing nrima taler Yehuda, putra kapapat Yakub. Simeon, sing lunga bareng Yehuda, nrima bagin2 cilik lemah sing kesebar neng kabeh wilayah Yehuda sing luas.—Yosua 19:9.

4.hak. 4:8.
4:8 Wangsulané Barak marang Déborah, “Menawi panjenengan tumut, kula purun mangkat. Nanging menawi mboten, kula inggih mboten badhé késah.”

jawab.
4:8—Kenopo Barak nganti njaluk nabiah Debora lunga barenge menyang  palagan peperangan ? katone, Barak rumangsa ora saguh lunga dhewe mungsuh pasukan Sisera. karo nggawa sang nabiah barenge arep nyerang sisera , prajurite kabeh mbokmenawo dekne kabeh mbisa di wenehi pengayoman karo  Allah lan arep menehi dekne kabeh rasa kendel lan tetek. dadi, tindak ane Barak sing nganti njaluk Debora ben  melu ono ing palagan perang dudua tanda kelemahane barak nangin iku bukti pangandel sing kuwat marang  Yehuwa.

5.hak.6:23,24
6:23 Nanging Pangéran ngandika, “Sing tentrem atimu! Aja wedi. Kowé ora bakal mati.”
6:24 Gidéon banjur yasa mesbèh lan dijenengaké: “Allah iku Sumbering Katentreman.” Mesbèh mau isih ana ing Ofra, yakuwi désané wong Abièzèr.

jawab:
Gideon rumangsa wedi karo tugas yg diwenehna marang dhwe e kanggo mengusir wong Midian sing kuat lan  okeh cacae ,tapi dawuhe  Yehuwa netramake atine amarga dheweke rumongso ye dawuhe Yehuwa kuwii wus dadi jaminan kaslametan marang dhewee. Mulo dhewee muji sokur karo Yehuwa lan mbangun  misbah ning Ofra kutho talere sing di jenengi “Allah iku sumbering katentreman “

6.hak 8:1-3
8:1 Wong Éfraim padha nggrundeli Gidéon, pangucapé, “Yagéné aku kokora kokajak nalika kowé nglurug merangi wong Midian? Apa sebabé aku padha koksepèlèkaké?” Mengkono panggrundelé wong-wong mau, marang Gidéon.
8:2 Nanging Gidéon mangsuli, “Penggawéku iki ora sepira ajiné yèn ditandhing karo jasamu. Kowé rumangsa yèn sing koktindakaké kuwi mung sethithik, éwasemono sing sethithik mau waé ajiné ngungkuli samubarang kabèh sing ditindakaké déning balaku, saka turuné talermu.
8:3 Rak kowé ta sing diparengaké déning Allah matèni Orèb lan Zeèb, tokoh Midian loro kuwi? Yèn ditandhing karo kuwi, penggawéku iki dudu apa-apa.” Sawisé Gidéon muni mengkono, wong-wong Éfraim padha lega atiné.

jawab :

Bahkan sakwise kemenangan iki, Gideon tetap andap asor. Naliko wong-wong Efraim, sing katone rumangsa kesinggung amarga ora diceluk kanggo melu bertempur, memancing   panesone, nanging dheweke nanggepine karo lembut. jawabane sing lembut ndadeake nepsu wong efraim mari.—Hakim 81-3 Amsal 15:1.
Koyone Gidion ngetra ake piweling sing ditulis ing Mustikaning kidung 15 :1,sing uni ne ngene :
Wangsulan sing sarèh gawé lilihing nepsu, nanging tembung nylekit ndadèkaké muntabing ati.


7.hak.11:30,31.
11:30 Yéfta janji ing ngarsané Allah, “Menawi Paduka marengaken kula ngawonaken tiyang Amon,
11:31 lan wangsul kanthi wilujeng, tiyang ingkang medal saking griya methukaken kula, menika badhé kula saosaken dados kurban obongan kagem Paduka.”


jawab :
11:30, 31—Sakmongso nggawe ikrar e, apa korban manungso ana jero pikirane Yefta? Gagasan kuwi  ora ana babar pisan ono ing jero atine Yefta, amarga hukum netepake, ” Aja ngurbanaké anak-anakmu ana ing mesbèhmu. Ing antarané bangsamu ora kena ana sing dadi tukang ramal, juru tenung, dhukun sing migunakaké pétungan,” (andaraning toret 18:10) ning, Yefta mesti yo mikirake sawijining menungso utowo pawongan dudu kewan kanggo korban obaran kuwi. Kewan sing cocok kanggo korbanmengkono yo ujute gedhe ora mungkin disimpan neng omah wong Israel. lan, persembahan sakwijining kewann dudua  korban sing mbejaji gedhe. Yefta yo mestine eling menawa wong sing metu saka omahe kanggo nemoni awake kebokmenawan  yaiku putrine dewe. wong kesebut kudu dipersembah ake ”dadi persembahan obongan”  Ing sakjeroning atine  menawa dheweke arep dibektekne kanggo nglakoke dinas eksklusif marang Yehuwa .

8.hak.11:35-37.
11:35 Bareng ndeleng anaké mau, Yéfta banget sedhihé, temah nyuwèk-nyuwèk sandhangané, kandhané, “Dhuh anakku enggèr. Kokjebul kowé sing gawé remuking atiku. Aku wis janji ing ngarsané Pangéran, sing ora bisa dakjabel menèh.”
11:36 Bocah wadon mau banjur matur marang Yéfta, “Bapak sampun janji ing ngarsanipun Pangéran, mangka Pangéran sampun maringi kemenangan dhateng bapak, males piawonipun tiyang Amon, mengsahipun bapak.”
11:37 Banjur matur menèh, “Kula namung nyuwun saprekawis: Keparenga kula lan kanca-kanca kula késah dhateng paredèn kalih wulan. Wonten ing ngrika kula badhé nangisi enggèn kula mboten badhé émah-émah.”


jawab:
gatekake contho liyane. pas wong Israel kudu bertempur mungsuh wong Ammon, roh Yehuwa ”teka manjing marang Yefta”. amarga pengen menang demi  pangabekten marang Yehuwa, Yefta nggawe ikrar sing nuntut lelabuhan gedhe. dheweke ngucapake omongan menawa nek Allah ngulung ngake wong Ammon menyang tangane, wong pisan sing metu saka lawang omahe pas dheweke mulih arep dadi duwee Yehuwa.Naliko wus menang soko wong ammon lan teko neng omah , putrine mlayu metu nemoni dhewek e. (Hak. 1129-31 34) apa bab iki ngagetake Yefta? bokmenawa ora, amerga dheweke mung nduweni siji anak. dheweke ngelaksanaake ikrare karo menehake putrine kanggo ngladeni lan ngabekti marang Yehuwa neng tabernakel neng Syilo. amarga putri Yefta yaiku penyembah Yehuwa sing loyal, dheweke yakin menawa ikrar bapak e kudu  di laksana ake. (waca Hakim-Hakim 11:36.)
apa sing nggawe putri Yefta lilo  kanggo ngabekti ngladeni Yehuwa? Semangat lan pengabdian sing saleh saka bapakne mesti wis nguwatake pangandele. wong tuwa, teladan koyo sedulur mesti nggatekake kebutuhan rohani anak2 kabeh. Keputusan sedulur nunjukake apa sing sedulur yakini. anak sedulur ngrungokake donga sedulur sing tenan-tenan, nggatekake apa sing sedulur wulangna marang anak2, lan ndeleng kabeh upaya sedulur kanggo ngabekti ngladeni Yehuwa karo sakabehing ati. iki kabeh mestine biso dadi tulodo kang becik ngewangi dekne kabeh nduweni kekarepan sing kuwat kanggo ngabekti ngladeni Yehuwa. bab iki tentu arep nggawe sedulur bahagia.

9.hak.17:6.
17:6 Nalika semono bangsa Israèl ora dierèh déning raja; angger wong padha urip manut karepé dhéwé.

jawab:
17:6; 21:25—yen ”saben wong biyasa nglakoke apa sing bener neng matane dhewe”, apa bab iki ngakibatake anarki? Tentu wae ora, amarga Yehuwa nggawe akeh piwulangan2 kanggo ngebimbing umate. Panjenengane menehi dekne kabeh hukum lan keimaman kanggo mulang umatee kabeh supoyo ngerti marang hukum2 me. liwat Urim lan Tumim, imam gedhe bisa njaluk pituduh Allah babagan persoalan sing penting. (meton 28:30) saben-saben kutha nduweni pinituwa sing saguh kanggo menehake pituduh sing bener. yen  wong Israel nggunakne pakon2 iki, dheweke nduweni bimbingan sing waras kanggo ati nuranine. Sak tingkah polae  yo musthi  di tindak ake kathi bener ,tapi kahanane ora koyo ngonoo malah wong2 kuwi nindakake  ”apa sing bener neng matane dhewe” karo cara iki ngasilke kebecikan lan  mubrahe masyarakat. neng pihak liya, nek ono wong ora gelem miturut karo hukum lan nggawe keputusan ne dhewe babagan tingkah laku lan ibadat, mulo perkoro kabeh kuwi akhire ngasilake masyarakat kang olo,adigung lan bejad.

 10.hak.20:14-25
20:14 Wong-wong Bènyamin malah padha nglumpuk saka ing kutha-kutha liyané mengang Gibéa, arep nglawan wong-wong Israèl liyané.
20:15-16 Malah ing dina kuwi taler Bènyamin nglumpukaké tentara nemlikur èwu saka kutha-kuthané. Déné Gibéa dhéwé nglumpukaké wong pilihan pitung atus, kabèh wong kédhé, padha titis mbandhil nganggo watu. Yèn mbandhil ora tau mlèsèt.
20:17 Déné ing pihaké wong Israèl liyané wis nglumpuk tentara pilihan, cacahé patang atus èwu.
20:18 Umat Israèl banjur padha ndedonga ing Bètèl, lan matur marang Allah, “Taler pundi ing antawis kawula ingkang kedah miwiti nyerang tiyang Bènyamin?” Gusti Allah paring wangsulan, “Taler Yéhuda!”
20:19 Ésuké wong Israèl padha budhal lan pasang kémah ing sacedhaké Gibéa.
20:20 Tentarané banjur ditata ing ngarepé kutha, banjur nyerang tentarané Bènyamin.
20:21 Tentarané wong Bènyamin banjur metu, gentèn nyerang, lan sedina kuwi matèni wong Israèl rolikur èwu.
20:22-23 Tentara Israèl merga kalah banjur mundur lan ndedonga karo nangis ana ing Bètèl nganti bengi. Aturé, “Dhuh Pangéran, menapa kawula prelu majeng perang malih kaliyan sedhèrèk-sedhèrèk kawula, tiyang Bènyamin menika?” Paring wangsulané Pangéran, “Iya, mangkata.” Tentara Israèl gedhé atiné lan nata pasukané kaya sing uwis,
20:24 banjur mindhoni serangané marang tentarané wong Bènyamin.
20:25 Wong-wong Bènyamin iya banjur metu lan gentèn nyerang, sarta matèni tentara Israèl sing pilihan cacahé wolulas èwu.


jawab :
Wis ping pindho wong israel nandang kekalahan sing gedhe. (Hak. 20:14-25) apa dekne kabeh nyimpulake menawa donga dongane dekne kabeh ora ana gunane? apa Yehuwa yo ugo pengen ben wong-wong kuwi nempuh suku Benyamin sing nggawe salah?
Pinehas, sing saiki dadi imam gedhe Israel, tetap yakin . dheweke bali tumidak karo ndongoo, ”opo aku kudu maju meneh kanggo bertempur mungsuh putra-putra Benyamin sedulurku utawa opo aku kudu  mandheg?”jawabane Yehuwa, Yehuwa ngulungake wong-wong Benyamin menyang tangan dekne kabeh, lan Gibeah kaobong sapek entek.—Hak. 2027-48
piwulang apa sing awake dhewe biso sinaoni  saka kisah iki? ana problem-problem neng sidang sing ora  mari2  senajan para penatua wis berupaya lan dedongo njaluk bantuan Allah. nek mangkana, para penatua sabecike ngelingi  tembung-tembunge  Yesus, ” Mulané padha élinga: Yèn kowé nyuwun, bakal diparingi; yèn kowé golèk, bakal nemu; yèn kowé nothok lawang, bakal dibukakaké lawang.” (Luk. 11:9) sanajan dongo2 ketoke ora dijawab, para pengawas bisa yakin menawa Yehuwa arep kabulake ye kitho mempeng  dongane.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar