Minggu, 01 Februari 2015

Hakim 8:13-27

8:13 Sabaliné saka peprangan Gidéon metu dalan sing ngliwati unggah-unggahan Hèrès.
8:14 Ana ing kono nyekel nonoman saka Sukot. Nonoman mau ditakoni, para pemimpin ing Sukot kuwi jenengé sapa waé. Jeneng-jeneng mau banjur ditulis déning nonoman mau, diwènèhaké marang Gidéon, kabèh cacahé pitung puluh pitu.
8:15 Sawisé mengkono Gidéon banjur marani para pemimpin mau, pangucapé, “Delengen, iki Zébah lan Salmuna. Mesthiné isih padha kèlingan, nalika kowé ora gelem nulungi aku, alasanmu merga aku durung nyekel Zébah lan Salmuna. Rak iya ta? Kowé ora gelem awèh mangan marang balaku, mangka nalika semono wis padha kesel banget.”
8:16 Sawisé mengkono Gidéon banjur njupuk pang sing kebak eri saka ara-ara samun, dienggo ngajar para pemimpiné kutha Sukot.
8:17 Ing Pnuèl Gidéon ngrubuhaké menarané kutha lan matèni kabèh wong lanang sing ana ing kutha kono.
8:18 Sawisé mengkono Gidéon banjur nakoni Zébah lan Salmuna, “Wong-wong sing kokpatèni ing Tabor mau rupané kaya apa?” Wangsulané Zébah lan Salmuna, “Rupinipun kados panjenengan, èmperipun kados golongan ningrat.”
8:19 Pangucapé Gidéon, “Kuwi sedulur-sedulurku, saka ibuku. Saupama kowé ora matèni wong-wong mau, mesthi kowé iya ora dakpatèni.”
8:20 Gidéon banjur préntah marang Yètèr, anaké mbarep, “Wis, patènana!” Nanging Yètèr kuwi wong nom, dadi ora wani ngunus pedhangé kanggo matèni.
8:21 Pangucapé Zébah lan Salmuna marang Gidéon, “Mugi panjenengan piyambak kémawon ingkang mejahi kula. Mekaten wajibipun satriya!” Gidéon banjur tumandang matèni raja loro mau, sarta njupuki rerenggan-rerenggan sing ana ing guluné untané.
8:22 Sawisé mengkono umat Israèl matur marang Gidéon mengkéné, “Panjenengan sampun ngluwari kula sedaya saking penjajahanipun tiyang Midian. Mila panjenengan kula aturi dados pemimpin kula, panjenengan lan anak-turun panjenengan.”
8:23 Wangsulané Gidéon, “Ora. Dudu aku sing bakal ngratoni kowé, lan iya dudu anak-anakku. Pangéran piyambak sing jumeneng dadi ratumu.”
8:24 Nanging sawisé mengkono Gidéon kandha, “Mung saprekara sing dakjaluk, anting-anting saka olèhmu ngrayah kuwi pasrahna marang aku.” (Wong Midian kuwi lumrahé padha nganggo anting-anting mas, kaya wong-wong liyané sing padha manggon ing ara-ara samun.)
8:25 Wangsulané wong-wong mau, “Inggih, kanthi éklasing manah barang wau badhé kula caosaken dhateng panjenengan.” Banjur padha nggelar mori, lan saben wong nyèlèhaké anting-anting sing dirampas saka mungsuhé.
8:26 Boboté anting-anting emas sing dipasrahaké marang Gidéon nalika semono mèh sepuluh kilogram, durung klebu liya-liyané, kayata kalung, kain wungu, agemané raja-raja ing Midian, sarta kalung sing digandhulaké ana ing guluné unta-untané.
8:27 Emas mau ditanjakaké Gidéon digawé éfod, *éfod: basa Ibrani, kados oto, dipun enggé ing dhadhanipun imam, dipun sukani séla Urim lan Tumim, kanggé neges kersanipun Allah.* sing banjur dipasang ana ing désané, yakuwi ing Ofra. Wong Israèl kabèh padha mrana nyembah brahala mau, temah padha ora ngabekti menèh marang Pangéran, Allahé. Prekara kuwi dadi memala kanggoné Gidéon lan kulawargané.
8:28 Sawisé ditelukaké déning wong Israèl, wong Midian wis ora bisa apa-apa. Sanegara kabèh dadi tentrem suwéné nganti patang puluh taun, yakuwi sajroné Gidéon isih urip.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar