Minggu, 01 Februari 2015

Apa Kersané Gusti Allah?


Gusti Allah kepéngin manungsa bisa urip rukun lan ayem tentrem ing bumi pirdus salawasé.
Nanging, bisa waé panjenengan takon, ”Apa kuwi mungkin?” Alkitab kandha yèn Kratoné Gusti Allah sing bakal nggawé kabèh kuwi kelakon. Gusti Allah kepéngin kabèh wong sinau bab Kratoné lan bab kersané kanggo manungsa.Jabur 37:11, 29; Yésaya 9:6.
Gusti Allah kepéngin manungsa éntuk paédah saka tuntunané.
Kaya bapak sing kepéngin anak-anaké urip kepénak, Gusti Allah uga kepéngin manungsa tentrem rahayu salawasé. (Yésaya 48:17, 18) Gusti Allah janji yèn wong sing ”nglakoni karsané Gusti Allah iku tetep urip ing salawas-lawasé”.1 Yokanan 2:17.
Gusti Allah kepéngin manungsa manut karo kersané.
Alkitab kandha yèn Gusti Allah kepéngin ”paring piwulang marang kita bab margi-marginé” supaya manungsa bisa ”padha lumaku ing kono”. (Yésaya 2:2, 3) Gusti Allah wis ngatur lan ”milih satunggaling bangsa . . . kagem asmanipun” kanggo martakaké kersané ing salumahing bumi.Para Rasul 15:14.
Gusti Allah kepéngin supaya manungsa bisa bebarengan ngibadah marang Gusti Allah.
Merga diajari carané nresnani wong liya, ibadah sing sejati marang Yéhuwah nggawé rukun wong-wong, ora malah nggawé bubrah. (Yokanan 13:35) Sapa sing mulang carané ngabdi bebarengan marang Gusti Allah ing jaman saiki? Golèkana jawabané ing buku iki.



BAB 1

Wong-Wong Kaya Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Iku?

Seorang Saksi Yehuwa di Denmark
Denmark
Seksi-Seksi Yéhuwah ing Taiwan
Taiwan
Seksi-Seksi Yéhuwah ing Venezuela
Venezuela
Seksi-Seksi Yéhuwah ing India
India
Apa ana Seksi Yéhuwah sing panjenengan kenal? Bisa waé kuwi tangga, kanca kerja, utawa kanca sekolah panjenengan. Malah, mbokmenawa panjenengan wis tau ngrembug Alkitab karo Seksi Yéhuwah. Sajané, Seksi-Seksi Yéhuwah iku sapa lan apa sebabé nyritakaké kapracayané marang wong liya?
Padha karo wong liyané. Seksi-Seksi Yéhuwah asalé saka akèh bangsa, budaya, lan basa. Kahanan uripé uga ora padha. Sadurungé dadi Seksi Yéhuwah, ana sing agamané liya lan ana sing ora percaya karo Gusti Allah. Nanging, kabèh padha sinau Alkitab kanthi tliti. (Para Rasul 17:11) Sawisé percaya yèn sing disinaoni kuwi bener, wong-wong mau mutusaké dhéwé kanggo ngibadah marang Gusti Allah Yéhuwah.
Wis ngrasakaké paédahé sinau Alkitab. Seksi-Seksi Yéhuwah ngalami kasusahan kaya liyané lan dudu wong sing sampurna. Nanging, merga ngetrapaké pathokané Alkitab, uripé dadi luwih ayem. (Jabur 128:1, 2) Kuwi sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah seneng nyritakaké bab sing wis disinaoni marang wong liya.
Urip manut karo pathokané Alkitab. Merga manut karo pathokané Alkitab, Seksi-Seksi Yéhuwah bisa urip ayem tentrem, luwih ngajèni wong liya, lan nduwé sipat jujur lan seneng nulungi wong liya. Pathokané Alkitab uga bisa ndadèkaké masyarakat sing bener, lan kulawarga sing rukun sarta becik tumindaké. Merga percaya yèn Gusti Allah kuwi ora mbédak-mbédakaké wong, Seksi-Seksi Yéhuwah sadonya dadi sedulur sing rukun, senajan béda suku lan bangsa. Kuwi sing mbédakaké Seksi-Seksi Yéhuwah saka umat liyané, senajan para anggotané mung wong biasa waé.Para Rasul 4:13; 10:34, 35.
  • Ing bab apa waé Seksi-Seksi Yéhuwah padha karo wong liya?
  • Pathokan Alkitab apa waé sing disinaoni Seksi-Seksi Yéhuwah?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar