Jumat, 30 Januari 2015

Amnon.

AMNON
[Dapat Dipercaya; Setia; Bertahan Lama].
1. Putra sulung Daud dari Ahinoam, wanita Yizreel; lahir di Hebron.—2Sam 3:2; 1Taw 3:1.
Amnon mengembangkan nafsu berahi terhadap adik Absalom, yaitu Tamar yang cantik, hingga ia jatuh sakit karena dimabuk cinta. Sesuai dengan nasihat sepupunya, Yehonadab, Amnon berpura-pura sakit dan membujuk Raja Daud agar menyuruh Tamar datang ke rumah pribadi Amnon untuk menyiapkan ”roti penghiburan” di hadapannya. Kemudian ia menggunakan kesempatan ini untuk memperkosa saudara tirinya, meskipun Tamar memohon dan mengajaknya bernalar. Kasus Amnon memberikan gambaran bahwa cinta erotis dapat bersifat sangat mementingkan diri, karena setelah terpuaskan, Amnon kemudian menyuruh orang mengusir Tamar ke jalan; ia menganggap Tamar sedemikian menjijikkan sehingga kehadirannya saja sudah membuatnya merasa najis.—2Sam 13:1-19.
Saudara kandung Tamar, Absalom, memendam kebencian terhadap Amnon atas tindakan ini; dan dua tahun kemudian, pada waktu perayaan pengguntingan bulu domba, Absalom menyuruh hamba-hambanya membunuh Amnon ketika dia sedang ”gembira karena anggur”. (2Sam 13:20-29) Amnon, sebagai putra sulung Daud, jelas adalah ahli waris takhta, maka kematiannya bisa jadi juga dipandang menguntungkan oleh Absalom sebagai cara memantapkan peluangnya sendiri untuk meraih jabatan raja. Peristiwa ini menandai dimulainya penggenapan nubuat yang diucapkan Natan setelah Daud sendiri melakukan perbuatan yang tercela dengan istri Uria.—2Sam 12:10; lihat ABSALOM.





AMNON
[bisa panitaya; Setia; nguwawa suwe].
1. Putra pambarep Daud saka Ahinoam, wedok Yizreel; lair neng Hebron.—2Sam 3:2; 1Taw 3:1.
Amnon ngembang ake nafsu berahi tumrap adine Absalom, yaiku Tamar sing ayu, nganti dheweke tiba lara amarga  gandrung karo Tamar. Miturut  karo pituduhe sepupune, Yehonadab, Amnon dikon ethok-ethok lara lan mbujuk prabu Daud ben ngongkon Tamar teka menyang omah pribadine Amnon kanggo cepak ake ”roti panlipuran” neng ngarepe. banjur dheweke nggunakne kesempatan iku kanggo mrakoso sedulur tirine iku, sanajan Tamar ngelingake lan ngajak mikir becik,naging Amnon ora biso eling.
 Prakoro Amnon menehake gambaran menawa katresnan kang erotis iku asifat katresnan kang tamak utomo katresnan kang menting ake awake dewe.Amarga sakwise nefsune katurutan, Amnon banjur ngongkon wong mengusir Tamar menyang dalan; dheweke nganggep Tamar samangkana nggegilani dadine, ketekane wae wis nggawene dadi rumangsa najis.—2Sam 13 :1-19
Sedulur kandung Tamar, Absalom, dendam karo opo sing wis ditindakake karo Amnon; lan sak wise rong taun banjur ono kedadean, neng wayah perayaan panyukuran wulune domba, Absalom ngongkon abdi2ne mateni Amnon pas dheweke lagi ”bungah amarga anggur”. (2Sam 13:20-29)
 Amnon, kuwi putra pambarep Daud, dadi dheweke iku yo mestine ahli waris tahta Prabu Daud, mula sedane Amnon bisa  uga dadi ka untungan lan peluang marang Absalom kanggo ngraih kalaungguhan dadi rojo neng Israel. kadadean iki yo dadi  panggenepan nubuat sing diucapake nabi Natan sakwise Daud dhewe nglakoke panggawe sing ora becik karo bojone Uria.—2Sam 12:10; delok ABSALOM.


2 Samuel  13:1-19.
II Samuèl 13
13:1 Absalom, putrané Dawud, duwé adhi wadon ayu rupané, jenengé Tamar. Amnon, putrané Dawud saka garwa liya, tresna marang Tamar
13:2 lan kepéngin laku sérong karo dhèwèké. Nanging bab kuwi mokal kelakoné, merga Tamar isih prawan lan ora kena sapaturon karo wong lanang. Amnon saka enggoné mikir nganti lara.
13:3 Amnon duwé tepungan sing julig, jenengé Yonadab, anaké Syama kakangné Dawud.
13:4 Yonadab matur marang Amnon, “Pangéran, menapa sebabipun panjenengan saben dinten ketingal sedhih sanget? Wonten menapa?” Wangsulané, “Kula menika kepéncut kaliyan Tamar, adhinipun Absalom sedhèrèk kula.”
13:5 Yonadab banjur matur, “Kula aturi saréan ing tempat tidur, kados-kados saweg gerah. Menawi kang rama rawuh nuwèni, matur kémawon, ‘Rama, mugi nglilani Tamar masak tedha kanggé kula ing ngriki. Menawi kula saged ningali piyambakipun masak ing ngriki, kula badhé nedha saking tanganipun.’ ”
13:6 Amnon banjur nggléthak ing peturon, kaya-kaya lagi lara. Bareng dituwèni Raja Dawud, Amnon matur marang Sang Raja, “Rama, mugi panjenengan lilani Tamar mriki masak roti, supados kula saged kepanggih lan kula badhé nedha saking tanganipun.”
13:7 Dawud banjur melingaké Tamar ing kraton, “Lungaa menyang ing omahé sedulurmu Amnon, sarta gawéa roti kanggo dhèwèké.”
13:8 Tamar banjur lunga mrana lan ketemu Amnon lagi turon ing peturon. Tamar njupuk jladrèn sethithik, ana ing ngarepé Amnon, banjur ngratengi roti arep dipanggang.
13:9 Sabanjuré roti disuntak saka ing panci sarta diladèkaké. Nanging Amnon ora gelem mangan. Dhèwèké banjur kandha, “Padha metua saka ing kéné!”
13:10 Sawisé kabèh padha metu saka kamar, Amnon kandha karo Tamar, “Roti kuwi gawanen mréné, ing peturonku, lan aku dulangen!” Tamar manut.
13:11 Nanging bareng lagi ngulungaké roti, Amnon nyekel bocah mau karo kandha, “Turua karo aku!”
13:12 “Sampun!” wangsulané prawan mau, “Kula sampun sampéyan peksa nindakaken prekawis ingkang nistha menika! Bab menika babar-pisan mboten kelampahan wonten ing Israèl.
13:13 Menawi menika kelampahan, enggèn kula ndhelikaken rai kula wonten ing pundi? Kaliyan malih, sampéyan piyambak badhé kewirangan wonten ing Israèl. Saénipun sampéyan matur dhateng sang raja, panjenenganipun temtu badhé setuju kula dados sémah sampéyan.”
13:14 Nanging Amnon ora maèlu; merga luwih rosa, adhiné mau dipeksa nuruti karepé.
13:15 Nanging sawisé kuwi Amnon sengit banget marang Tamar, ora imbang karo kasmarané mauné. Mula banjur kandha marang adhiné mau, “Metua!”
13:16 Wangsulané Tamar, “Sampun mekaten! Menawi kula dipun tundhung, piawon menika langkung ageng ketimbang ingkang sampun sampéyan lampahi tumrap kula wau!” Nanging Amnon ora gelem ngrungokaké,
13:17 malah banjur ngundang abdiné, tembungé, “Wong iki gawanen metu, lan kuncinen lawangé!”
13:18 Abdiné nindakaké préntah mau. Déné Tamar nganggo klambi kurung sing lengené dawa. Dhèk semana putri-putri kedhaton sing isih prawan lumrahé nganggo sandhangan kaya mengkono kuwi.
13:19 Tamar banjur ngewur-ewuraké awu ing sirahé, sarta nyuwèk klambiné, lan lunga karo nutupi rainé nganggo tangané loro pisan, sarta nangis.



2 samuel  13:20-29.
20 Bareng Absalom weruh, banjur takon, “Apa Amnon mau meksa kowé sapaturon karo dhèwèké? Wis ta, adhiku, aja kokpikir menèh. Wong kuwi kakangmu dhéwé, dadi prekara iki aja kokkandhakaké karo sapa waé!” Tamar banjur ndhelik ana ing omahé Absalom, atiné susah banget sarta kijènan.
13:21 Midhanget kedadéan mau, Raja Dawud duka banget.
13:22 Absalom ngendhem sengit marang Amnon lan ora gelem caturan karo dhèwèké, merga wis ngrodha-peksa Tamar, adhiné.
13:23 Kacrita sawisé genep rong taun, Absalom nganakaké kraméan mbathili wedhus-wedhusé ana ing Baal Hazor, sacedhaké kutha Éfraim. Absalom ngulemi para putrané sang prabu kabèh.
13:24 Iya sowan Raja Dawud lan matur, “Rama, kula badhé ngawontenaken kraméan nggunting wulu ménda gèmbèl. Mugi Rama kersa ngrawuhi, kaliyan para pengagenging kraton.”
13:25 Nanging Raja Dawud paring wangsulan, “Aja anakku, sebab yèn aku kabèh padha teka, bakal gawé susahmu.” Absalom nggujek nyuwun rawuhé, nanging ramané tetep ora kersa; mung maringi pangèstu waé.
13:26 Absalom banjur matur, “Menawi mekaten, mugi panjenengan lilani sedhèrèk kula Amnon tumut kaliyan kula sedaya.” Ngandikané Raja Dawud, “Dhèwèké ora prelu mèlu.”
13:27 Nanging merga Absalom tetep nggujek, wusanané Raja Dawud nglilani Amnon lan para putra liyané padha mèlu. (Absalom banjur ngladèkaké panganan sing sarwa énak banget.) *(Absalom banjur … banget.): Tembung-tembung menika mboten wonten ing Kitab Suci Ibrani, nanging saking basa Yunani.*
13:28 Absalom préntah marang para baturé, “Padha diawas, yèn Amnon wis mendem merga ngombé anggur, aku bakal mènèhi aba, nuli Amnon patènana. Aja padha wedi. Aku sing tanggung jawab prekara iki. Sing kendel waé, aja mangu-mangu!”

13:29 Batur-batur mau padha nindakaké préntahé Absalom lan matèni Amnon. Bareng para putrané Dawud meruhi lelakon mau, banjur padha énggal-énggal nunggang bihalé dhéwé-dhéwé sarta lolos.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar